Arane Panggonan 1 Alas : Panggonane wit-witan / thethukulan lan kewan-kewan. 2 Alun-alun : Plataran amba ing satengahing kutha. 3 Babadan : Panggonan sing wis dibabadi. 4 Balapan : Panggonan kanggo adu balap. 5 Bale mangu : Panggonan kanggo ngadili wong luput. 6 Bango : Panggonan kanggo dodolan. 7 Bangsal : Panggonan kanggo pasamuwan. 8 Benteng : Tembok gedhe duwur kanggo nahan mungsuh. 9 Besalen : Panggonan kanggo mandhe. 10 Bong : Kuburane wong cina. 11 Bothekan : Wadhah jamu utawa bumbu kanggo masak. 12 Bubat : Panggonan kanggo ngadu samubarang. 13 Cangkruk : Panggonan kanggo jaga kampung. 14 Clunthang : Wadhah jangkrik. 15 Endhong : Wadhah panah. 16 Epok : Wadhah kinang. ...
Comments
Post a Comment