Arane Panggonan
Arane Panggonan
1 | Alas | : Panggonane wit-witan / thethukulan lan kewan-kewan. |
2 | Alun-alun | : Plataran amba ing satengahing kutha. |
3 | Babadan | : Panggonan sing wis dibabadi. |
4 | Balapan | : Panggonan kanggo adu balap. |
5 | Bale mangu | : Panggonan kanggo ngadili wong luput. |
6 | Bango | : Panggonan kanggo dodolan. |
7 | Bangsal | : Panggonan kanggo pasamuwan. |
8 | Benteng | : Tembok gedhe duwur kanggo nahan mungsuh. |
9 | Besalen | : Panggonan kanggo mandhe. |
10 | Bong | : Kuburane wong cina. |
11 | Bothekan | : Wadhah jamu utawa bumbu kanggo masak. |
12 | Bubat | : Panggonan kanggo ngadu samubarang. |
13 | Cangkruk | : Panggonan kanggo jaga kampung. |
14 | Clunthang | : Wadhah jangkrik. |
15 | Endhong | : Wadhah panah. |
16 | Epok | : Wadhah kinang. |
17 | Esong | : Growongan ing pinggiring kali; panggonan landak. |
18 | Gadhen | : Panggonan kanggo nggadhekake barang. |
19 | Gayor | : Kanggo nyanthelake gong. |
20 | Gedhogan | : Kandhang jaran. |
21 | Gedhong | : Omah gedhe kanggo pasamuwan. |
22 | Gerdhu | : Panggonan kanggo jaga. |
23 | Glodhogan | : Kanggo omah tawon. |
24 | Gowok | : Growongan ing wit (dienggo nyusuh manuk). |
25 | Greja | : Panggonan sembahyange wong kristen. |
26 | Grobog | : Kothak kayu sing gedhe kanggo nyimpen barang. |
27 | Gubug | : Panggonan kanggo njaga tanduran. |
28 | Gudhang | : Panggonan nyimpen barang. |
29 | Gupit mandra gini | : Kanggo sarene raja/ratu. |
30 | Hotel | : Omah sewan kanggo penginepan. |
31 | Iyan | : Wadhah kanggo ngeler sega. |
32 | Jodhang | : Grobog sing dipikul, sing isine werna-werna panganan. |
33 | Jumbleng | : Kakus kanggo bebuwang kotoran. |
34 | Jun | : Wadhah banyu kanggo ngangsu. |
35 | Kabupaten | : Daleme bupati pemerintah daerah. |
36 | Kadhaton | : Daleme ratu. |
37 | Kandhang | : Omah kanggo ngingu kewan (kebo, sapi, wedhus, lsp) |
38 | Kanthong | : Sak ing klambi/celana kanggo ngesaki barang. |
39 | Kanthongan | : Kanggo ngadhahi barang-barang. |
40 | Kantor | : Panggonan kanggo nyambut gawe; panggonan kanggo ngurusi samubarang keperluan. |
41 | Klentheng | : Panggonan kanggo sembahyange wong cina. |
42 | Klenthing | : Wadhah kanggo nggolek banyu. |
43 | Kombong | : Kandhang bebek, pitik, lsp. |
44 | Krangkeng | : Kandhang kewan galak sing nganggo pager wesi. |
45 | Kranjang | : Wadhah sing digawe saka pring sing dienam. |
46 | Kraton | : Daleme ratu. |
47 | Kuburan | : Panggonan kanggo ngubur wong mati. |
48 | Kuncung | : Omah cilik ing ngarepe pendhapa. |
49 | Kurungan | : Kanggo ngingu manuk, pitik, lsp. |
50 | Langgar | : Omah cilik kanggo sembahyange wong islam. |
51 | Lemari | : Kanggo nyimpen sandhangan, barang, lsp. |
52 | Leng | : Bolongan cilik omahe gangsir, semut, rayap, lsp. |
53 | Loji | : Omah apik tinggalane landa. |
54 | Lumbung | : Panggonan kanggo nyimpen pari. |
55 | Menara | : Panggonan sing dhuwur kanggo pepeling. |
56 | Mesjid | : Omah gedhe kanggo sembahyange wong islam. |
57 | Pacrabakan | : Panggonane sang wiku; papan pamulangan. |
58 | Padaringan | : Wadhah kanggo nyimpen beras. |
59 | Padasan | : Panggonan kanggo wudhu. |
60 | Padhepokan | : Papan pamulangan; patapan; omahe pandhita. |
61 | Paestren | : Sawah ing sapinggire kali. |
62 | Paga | : Kanggo nyimpen bekakas pawon. |
63 | Pagagan | : Lemah sing ditanduri pari gaga. |
64 | Pagajih | : Lemah sing diumadi sala walede kali. |
65 | Pagupon | : Omahe dara. |
66 | Paidon | : Wadhah idu. |
67 | Pakunjaran | : Panggonan kanggo ngunjara/ngukum wong luput. |
68 | Pamulangan | : Papan kanggo mulang muruk/sekolahan. |
69 | Panepen | : Papan kanggo semedhi, nepi, taa, lsp. |
70 | Pantisari | : Omah cilik ing satengahe patamanan. |
71 | Papon | : Wadhah apu/enjet. |
72 | Pasanggrahan | : Papan palereman/penginepan ing sajabahing kutha. |
73 | Pasar | : Papan kanggo dodolan utawa tetuku barang. |
74 | Pasetran | : Papan kanggo mbuwang bangke. |
75 | Patamanan | : Lemah sing ditanduri kekembangan. |
76 | Patapan | : Omahe pandhita;omah kanggo tapa. |
77 | Pawon | : Perangan omah sing kanggo olah-olah. |
78 | Payudan | : Panggonan jembar kanggo adu perang. |
79 | Pekarangan | : Papan sakiwa tengene utawa mburi omah. |
80 | Pelabuhan | : Papan kanggo mandhege/labuh prau/kapal. |
81 | Pelataran | : Lemah sangarepe omah. |
82 | Pendhapa | : Perangan omah ngarep kanggo pasamuwan. |
83 | Pesantren | : Papan kanggo mulang muruk para santri. |
84 | Pesisir | : Pinggire segara. |
85 | Petarangan | : Panggonan kanggo nggendhoge pitik. |
86 | Pinihan | : Lemah kanggo ndhedher winih tanduran. |
87 | Plangkan | : Papan kanggo ndeleh tumbak, payung, lsp. |
88 | Plegungan | : Papan kanggo lerene sapi sing eyup. |
89 | Ploncon | : Papan kanggo tumbak, teken, lsp. |
90 | Pluwang | : Luwang kanggo masangi kewan alas. |
91 | Pomahan | : Pekarangan sing didegi omah. |
92 | Pondhok | : Omah kanggo mondhok, ngaji para santri. |
93 | Pragen | : Wadhah uyah utawa bumbu. |
94 | Pranji | : kandhang pitik. |
95 | Ranggon | : Gubuk ing alas kanggo leren utawa njaga kewan. |
96 | Rong | : Leng gedhe omah tikus, yuyu, ula, iwak, lsp. |
97 | Rumah sakit | : Papan kanggo ngruwat wong lara. |
98 | Sanatorium | : Papan kanggo nambani wong lara tbc. |
99 | Sanggar | : Papan kanggo latihan;papan kanggo semedi. |
100 | Sawah | : Lemah kanggo nandur pari, kedhele, tebu, lsp. |
101 | Segaran | : Tetirone segara kanggo ngingu iwak. |
102 | Sekolahan | : Papan kanggo sinau, mulang muruk. |
103 | Selon | : Wadhah bumbu utawa trasi. |
104 | Senthong | : Perangan sajroning omah kanggo turu, utawa ndeleh barang. |
105 | Setasiun | : Papan kanggo mandhege sephur. |
106 | Setren | : Sawah ing sapinggire kali. |
107 | Slepen | : Wadhah rokok, klobot utawa mbako. |
108 | Sudhung | : Grumbul omahe celeng. |
109 | Susuh | : Omah manuk, tikus, bajing, lsp. |
110 | Tala | : Omah tawon. |
111 | Talun | : Panggonan ing pagunungan. |
112 | Tambak | : Papan kanggo ngingu iwak. |
113 | Tangki | : Wadhah lenga, gas, lsp. |
114 | Tangsi | : Papan panggonane tentara. |
115 | Tegalan | : Lemah sing ditanduri palawija, lsp. |
116 | Tobong | : Panggonan kanggo ngobong gendheng utawa gamping. |
117 | Tulang | : Kothak cilik kanggo adu jangkrik. |
118 | Warung | : Papan kanggo dodolan panganan. |
119 | Wihara | : Panggonan sembahyang umat budha. |
120 | Wrangka | : Kayu wadhah keris utawa tumbak |
Panggonan
ReplyDelete