Arane Woh

Arane Woh

1. Woh aren arane kolang-kaling
2. Woh bengkoang arane besusu
3. Woh cengkeh arane polong
4. Woh dhadhap arane blendhung
5. Woh embang arane krandhing
6. Woh gembili arane katak
7. Woh jati arane janggleng
8. Woh jambe arane jebung
9. Woh kanthil arane gendhek
10. Woh kelor arane klenthang
11. Woh kesambi arane kecacil
12. Woh kluwek arane pocung
13. Woh pandhan eri arane padhaga
14. Woh so arane mlinjo
15. Woh tal arane siwalan
16. Woh turi arane klentang
17. Woh uwi arane katak
18. Woh widara putih arane anyang

Comments

Popular posts from this blog

Swarane Kewan

Arane Gaman utawa Senjata Kewan

Arane Panggonan